Senin, 13 Januari 2014

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Pidato Bahasa Jawa




Assalamualaikum.Wr.Wb.

Ingkang kinurmatan Ibu Kepala Sekolah
Bapak ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan
Rencang- rencang kula wonten SMPN 20 Malang ingkang kula tresnani

           
Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dumateng gusti ingkang maha agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kasarasan dumateng kita sedaya dumugi sakmenika , kita saged kempal wonten ing adicara halal bi halal manika.
            Kita sampun dipun gembleng sewulan muput ngelampahi siyam lan ibadah lintu – lintunipun wonten ing wulan ramadhan. Lan ingkang paling baku malih kita sedaya kedah sanget merubah tingkah laku kita langkung sae tinimbang dinten – dinten ingkang sampun kawuri .
            Pramila,mangga kita bukti aken menawi tingkah laku lan kehidupan kita langkung sae  tinimbang ingkang sampun – sampun intinipun kita ningkataken taqwa kita menuju langkah ingkang langkung sae.Mugi-mugi kita tetep pikantuk rahmat lan hidayah  saking ALLAH S.W.T .
            Kula, wakil saking rencang – rencang kelas 9 ngaturaken nyuwun pangapunten ingkang sak ageng – agengipun. Menawi gadhah kalepatan ingkang di pun sengaja lan mboten dipun sengaja .Bapak / Ibu guru ingkang nggulawantah kula,lan rencang – rencang kula sedaya kaliyan sabar. Mugi – mugi Bapak/Ibu guru kersa ngapunten sedaya kalepatan kula lan rencang rencang.
            Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agengin pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb


Asma kumpulan :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar